Glosarium Pranoto Banyu

Kalimo
biasane nek wayah musim kemarau, paling mboten niku bulane nggih, bulan papat limo, bulan 5 nggih, bulan 5 ning maret, april, mei, niku mpun mulai, mpun mulai, mpun mulai nopo ngeringke lahan, noto lahan, nggaleng-nggaleng, 

mengke nek mpun musim kalimo nggih, niki kan musime nembe pucukan kapat, kapat niku tasih kadangkolo (jeh) udan. Mangke nek musim kalimo, barat kalimo ono udan lah nek mpun wayah kalimo godong-godongan tetep podo rontok, tandur podo kuning. Lha mengken nek mpun wayah ntuk dangir, carane ngoten ntuk tombo, wayah tanem. Lha angine mpun timuran, sitik-sitik tandur, maleh ijo malih. Biasane ngoten sing kula alami lho.

Angin doyo 

Angin sergang
angin ketigo, mulai ketigo, wahaye angin ning tenggara. Tenggara selatan mulai kenceng, hawane mpun anyep. Lha niku tanda-tanda mpun musim kemarau.


Komentar

Postingan Populer